Kamis, 31 Maret 2011

 SALAH SASARAN

ing ndesa Jabalkat, ana sawijining randha enom duwe anak wadon siji sing wis ngancik diwasa. Gandheng uripe ya mung dhanyang buruh, mula anake mbok randha sing jeneng Inah, bareng wis lulus SD ya njur mogok ora gelem sekolah, dhasar bocahe ya ngerti yen kanggo mangan wae rekasa, apa maneh kanggo wragat sekolah.
Inah lan mbokne, ing sadina-dinane nyambut gawe golek pangan dhewe-dhewe. Mbok randha buruh tandur apa derep, dene Inah buruh ngumbahi apa setlika nggone tanggane. Pokoke, lelorone golek pangan saentuke ning dhewe-dhewe jalure.
Wis ana seminggu iki mbok randha dikongkon masakake pak Wigeno sing lagi nyambat ndandani omah, biyen gedheg diganti bata. Mbok randha mono senajan wis nduwe anak prawan, ning merga wonge tansah ngrumat awak, resikan lan seneng jejamu, mula ora mokal senajan wis umur telung puluh telu taun isih katon kempling, isih katon sedhep yen sinawang priya.
Pak Wigeno sing wis ditinggal ngajal bojone udakara telung taunan kuwi, wis rumangsa kesepen banget. Mula anane mbok randha sing dikongkon masakake tukang ing omahe, sing saben ndina ana ngomahe kuwi kena kanggo tamba, senajan mung entuk nyawang, lan ngajak omong-omong yen pinuju sela lan sepi uwong. Pak Wigeno sok mancing-mancing gunem, e mbokmenawa mbok randha isih gelem yen diwengku priya. Merga nyatane pak Wigeno suwe-suwe ana rasa sir lan seneng karo mbok randha sing isih kempling lan sedhep kuwi.
Ning gandheng mbok randha wong lugu, mula ora tanggap karo karepe pak Wigeno sing sok ngganyik ngajak omong kuwi. Ngertine majikane kuwi ya mung wong apikan ngono. Kejaba kuwi, senenge mbok randha ya anggone pak Wigeno nyah-nyoh dhuwit, ora ketang kuwi mung susuk olehe blanja. Pak Wigeno ngerti, yen mbok randha senengane mung tuku jamu, yen tuku jajan paling-paling ya mung gethuk thiwul sing mbejaji limang atusan.
Yen Inah pas ora ana sing kongkon utawa mbutuhake baune, karo mbokne ya sok dikon ngrewangi olah-olah neng nggone pak dhudha. Semono mau dening pak Wigeno , Inah ya di wenehi persen utawa pituwas dhewe. Gandheng mbok randha ora tanggap karepe pak Wigeno , mangka pak Wigeno sejatine kepingin banget ngrumat (ngepek) mbok randha, mula pak Wigeno meneng-meneng mara neng dhukun njaluk pengasihan supaya mbok randha seneng lan gelem nanggapi karepe utawa dirabi.
Mbah dhukun njur takon pak Wigeno :
“Pak Geno, napa sampeyan ngertos kesenengane mbok randha ?”
“O ngertos sanget mbah dhukun, mbok randha niku senengane mung ngombe jamu”.
“Lha nek mung ngoten mawon gampang”. Kandhane mbah dhukun.
“Sesuk sampeyan tuku jamu galiyan putri njur dibekta mriki, nek empun kula mantrani, sampeyan sukakake mbok randha kajenge diombe”.
“O nggih mbah dhukun”. Tenan sawise pak Wigeno masrahake jamu njur dimantrani mbah dhukun, pak Wigeno nggawa jamu mau mulih njur diwenehake mbok randha karo kandha :
“Gilo mbok randha, aku tuku jamu galiyan, nyoh ombenen ben awakmu waras, giyat olehmu nyambut gawe !”. Mbok randha nampani kanthi bungah tembunge :
“Nuwun sanget pak Geno, mangkeh kula ombene”. Jamu ditampani njur digawa mulih, sawise rampung gaweyane. Tekan ngomah jamu diseleh meja, rekane arep diombe mengko yen wis arep mapan turu.
Sore iku Inah uga mulih saka nyambut gawe, dikongkon meme gabah mbah Pawiro wetan kana. Mlebu ngomah weruh jamu neng meja, mangka mbokne lagi adus neng sumur mburi omah, Inah mikir : Wah sedina meme gabah awakku kok krasa kesel, ben jamune simbok tak ombene, ben mari kesel. Jamu diombe sepisan gusis, gelas digawa neng pawon njur di asahi. Rampung adus, mbok randha mlebu ngomah ora nglegewa nek jamune wis di ombe Inah, mula ya meneng wae. Kosok baline Inah, sawise ngombe jamu, kaya-kaya kok mung ketok-ketoen pak Wigeno wae, mula kandhane karo mbokne :
“Mbok, sesuk aku tak melu nyambut gawe kowe ya, wong sesuk aku nganggur”.
“Ya kena wae ta nok, aku ya seneng kok yen mbok re wangi”. Kandhane mbokne bungah. Nalika arep mapan turu mbok randha lagi eling jamune. Niliki ndhuwur meja wis ora ana, mbok randha njur takon Inah anake :
“Nok, kowe weruh jamu ning meja kene ?” Gage wangsulane Inah :
“Weruh mbok, wis tak ombe, jeneh aku krasa kesel je mbok”
“O o ya wis nok, padha wae, jare pak Wigeno , kuwi ya jamu mari kesel, wong sing menehi dheweke”.
“O dadi jamu kuwi mau pawehe pak Wigeno ta mbok ?”
“Iya, ya lumrah ta nok, wong aku bebaune”. Inah njur mikir, genea sawise ngombe jamu kok njur ton-tonen wewayangane pak Wigeno ? Tenan esuke Inah melu mbokne nyambut gawe neng omahe pak dhudha. Inah gumun, genea yen weruh pak Wigeno atine kok rasane seneng banget. Bareng weruh tekane mbok lan anak kuwi, pak Wigeno takon mbok randha :
“Piye mbok randha, jamune rak jos ta ? Mesthi keselmu njur ilang”. Gage panyaute Inah :
“Wong kula sing ngobe pak Wigeno , tikna kesel, kula mboten taros kalih simbok”.
“Dadi malah kowe ta Nah sing ngombe ?”
“Enggih, nyuwun ngapunten nggih pak !”
“Ora papa ..... ora papa Nah, lha kowe mrene ki apa ora di sambat tangga teparo kon ngumbahi apa setlika ?”
“Mboten pak, malah kula kok njur kepingin mriki ngrencani simbok”. Dheg .... atine pak Wigeno bungahe ngayang batin. Ngarah mbokne kok malah kena anake. Kandhane :
“Wista Nah, nek perlu kowe neng kene ngrewangi mbokmu terus, gaweyanmu cukup reresik njero ngomah karo blanja, uga nyepakake manganku. Mbokmu ben sing mangsak lan nyapu njaba”.
“Enggih pak, ndherek mawon”. Ngono wangsulane Inah seneng banget.
Saiki wis ana sesasi Inah nyambut gawe neng nggone pak Wigeno . Pak Wigeno saya mantep, yen aji pengasihane wis tumama neng Inah. Kerep wae Inah dijawil...... dijanggut meneng wae. Saben ndina sisa dhuwit blanjan sing njarag diluwihi, mesthi dikon ngepek kabeh, saya gawe bungahe Inah. Dheweke sasat kaya wis klebu wuwu. Dirangkul, diaras pipine, dijejeri lungguh mepet, Inah rasane mung seneng. Ning pendhak rampung nyambut gawe, Inah mesthi diajak mbokne mulih, sing mesthi wae ora bisa suwala.
Mangka sejatine Inah kuwi wis sambung tresna karo Wagiyo sing nyambut gawe dadi tukang kebon sekolahan SD ing ndesane.
Sakploke Inah nyambut gawe neng nggone pak dhudha, wis ora tau kelingan karo Wagiyo pacare. Kosok baline Wagiyo sing pendhak sore mara neng ngomahe, ngomah suwung, merga mbok randha lan Inah durung mulih. Merga wis kangen tenan, Wagiyo ngenteni samulihe. Bareng wong loro mulih, Inah ya terus nemoni kaya adat saben. Crita ngethuprus, anggone wis seneng nyambut gawe nggone pak dhudha, merga saben ndina Inah mesthi diwenehi dhuwit. Nyambut gawene sak karepe, tur diuja karo pak dhudha. Kerepe mung diajak lungguhan karo omong-omongan.
Krungu pengakuane Inah mau, Wagiyo sing tilas bocah pondhok kuwi krasa, yen Inah mesthi wis diguna-guna karo pak dhudha. Mula niyate Wagiyo arep nawarake pelet mau srana njaluk pitulungan mbah Kaji, wong sing dianggep pinter ing samubarange. Tenan sawise Wagiyo sowan mbah Kaji, dening mbah Kaji didhawuhi pasa mutih telung ndina, njur diwenehi banyu putih sabotol. Dhawuhe mbah Kaji, banyu kuwi dikon ngombe Inah, turahane dikon ngecurke Inah neng pancen wedange pak Wigeno, karo kon muni ngene :
“Peletmu ora mandi ..... (ping telu). Sawise kuwi Inah njur kon mulih adus kramas, karo aja entuk bali neng nggone pak Wigeno meneh”.
“Nek Inah mboten nggugu pripun mbah ?”, pitakone Wagiyo ngemu samar.
“Wis ta mengko angger wis tak sranani, mengko Inah rak manut apa pakonmu, janji welingku neng kowe wis mbok tindakake”. Ngono kandhane mbah Kaji. Bareng Wagiyo wis rampung olehe pasa, Inah kokya nurut apa pakone kekasihe. Lan wiwit kuwi ...... Inah wis blas ora tau kelingan pak Wigeno maneh. Embuh mengko piye nasibe mbokne sing sekawit disiri pak dhudha kuwi, ning jebulane salah sasaran. Mbok randha slamet, ning Inah anake sing kena guna-gunane pak dhudha, amarga ngobe jamune mbokne sing wis dileboni mantra.
T A M A T

Senin, 07 Maret 2011

Geguritan basa jawa

KEKUDANGANKU
maymintaraga 19 april 2009


o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***

kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara


UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009


udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***


NALIKA SEPI ....
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut

cerkak basa jawa

JOKO BODHO
MENYANG NGAYOGYAKARTA
“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wiswis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.